PengantenJawa

Melestarikan Budaya Luhur Adat Perkawinan Jawa

Tuesday, May 16, 2006

Mistikisme Suruh, Sadak, lan Kinang

Suruh klebu tetuwuhan sing dianggep sakral. Meh saben ritual Jawa, asring nggunakake suruh. Mula, suruh asring diarani ubarampe (sesajen). Godhong suruh, asring ditegesi kang memper karo tembung sirih, sareh, lan sedhah. Sirih tegese nyuda, njur dadi sesirik (nglakoni), ngurang-ngurangi. Memer hawa nepsu. Sareh, tegese alon - sareh dimen pekoleh. Sedhah, basa kramane suruh. Njur ana wangsalan sedhah siti (apu) boga kang binuntel roning klapa (kupat). Nyuwun apura mbokbilih kathah lepat kula.
Jaman simbah, suruh pancen mung ubarampe kanggo njaga kesehatan awak, utamane njaga untu. Kanggo nginang, ngganten, lan mucang amrih untune ora gampang pothol. Kejaba seka iku, kanthi nginang lambe bisa mingir-mingir, narik kawigaten. Karomeneh, wektu iku durung akeh lipstik lan dhokter gigi uga durung ngembrah. Ya mung sok ana sing kebablasen, anggone nginang diwuwuhi susur mbako enak mbako semprul sing njelehi. Angger simbah putri nginang, njur nguyer-uyerke susur, idu (abang) ing pakecohan — wah lali dhahar tenan. Uga ana sing nggunakake suruh kanggo ngrambang mripat klilipen, nambani mimisen, lan nambani weteng mbeseseg.
Nginang suruh sok diwuwuhi enjet, gambir, mbako, jambe, amrih bisa nundhung kruma ing cangkem. Samengko, nginang uga ngiras kanggo ngisi wektu kayadene wong udut. Malah ana jiwa sosial kang tuwuh seka nginang. Mligine yen lagi ana tamu, disuguh kinang, njur omong-omongan tutug. Mulane, ing jagad kethoprak kae yen ana paraga sepuh arep nglamarake wanita tumrap anake jejaka, sok kandha: “Yen sliramu wus ngesir salah sijine wanita, wong tuwa ora kabotan ndhodhog lawange, nginang gambir suruhe, lan nglungguhi ambene.”
Suruh asring kanggo ubarampe tradisi Jawa (manten, sadranan, supitan, lan liya-liyane). Mula, kapilih suruh ayu (sedhah ayu). Ayu, seka tembung hayu (rahayu), slamet. Tegese, suruh sing ora cacat, rupane ijo pupus ngelayoni. Trap-trapane suruh-ayu asring dijejerake pisang ayu, yaiku gedhang raja mulus kang branggah setangkep (rong lirang). Suruh dadi lambange rasa adreng arep weruh dununge keslametan. Dene pisang, seka tembung tepining sangkan. Pisang mau uga asring diarani sanggan (sangga buwana). Ateges, suruh ayu lan pisang ayu, nuduhake menawa selak kepengin weruh marang dunung (asal-usule manungsa), yaiku Kang Nyangga Buwana.
Suruh, ateges sing nindakake tradhisi enggal kepengin weruh marang surasane donya yaiku memayu hayuning bawana. Lamun suruh mau bisa nglelimbang memayu hayuning bawana, ateges uripe bakal ayem tentrem.
Suruh ngene iki pamrihe tumuju marang karahayon. Sing dipilih yaiku suruh kang matemu rose. Yaiku, suruh sing jlarit-jlarite godhong (balung-balunge godhong) ketemu. Temu rose, ateges ketemune rasa njero lan rasa njaba. Rasa njero kuwi rasa kang alus, rasane rohaniah, dene rasa njaba kuwi rasa kasar - rasane jasmaniah (wadhag). Rasa lelorone padha wigatine tumrap urip. Yen suruh mau dinggo ubarampe manten, temu rose ngemu surasa mistik minangka simbol ketemune rasa, cipta, lan karsa antarane manten lanang lan wadon. Mula manten sakloron sok dicandra ‘pindha suruh lumah lan kurebe, yen dinulu beda rupane yen ginigit padha rasane’. Ing kene ketemune rasa jalu-wanita (manunggal), angel kinayangapa.
Mulane, nalika manten panggih asring ana tradhisi balang-balangan suruh. Suruh mau diarani sadak. Antarane suruh lan sadak asring cawuh penganggone. Lelorone sok digebyah uyah, dianggep padha wae. Ngono uga ora kleru. Merga, suruh kuwi luwih cundhuk karo godhonge, dene sadak kuwi gagange. Gagang lan godhong manunggal. Suruh kang digawa manten kakung diarani gondhang tutur, lan suruhe manten wadon gondhang kasih. Ana meneh sing ngarani suruh lelorone aran jati mulya lan mulya jati. Lelorone bakal nyawiji, krasa tumanjem lair batin, lamun wus manjing dadi kinang. Kinang bakal nuwuhake idu abang putih nyawiji, kempel dadi wiji dadi. Manten sakloron mau adate dhisik-dhisikan balangan sadak. Sak kenane. Sapa sing anggone mbalang luwih dhisik tur pas ing perangan awak ‘wigati’, ateges wis weruh tenan dununge rasa sejati. Iki pancen simbol seksual kang dhuwur. Mula guyone pelawak, suruh iku sok dijarwakake dadi kesusu arep weruh. Weruh marang suruh (sesuruh, ateges pepadhang). Padhange ati lamun wus nyawiji.
Suruh, sadak, lan kinang pancen simbol mistikisme kejawen tulen. Suruh iku gegambarane karsa (karep, greget), sadak (rasa asmara), lan kinang (ciptaning ati). Tetelune bakal ngembangi uripe manungsa. Bisa disemak ing kisah simbolis Jaka Tingkir-Dhadhungawuk. Patine Dhadhungawuk, rak ya merga dibalang sadak Jaka Tingkir ta? Sadak ing mitos iki, genah lukisane rasa adreng (suruh), anggone Jaka Tingkir kepenin nginang jaman ketemu Dhadhungawuk (dhadhung+awak). Dhadhung kang dumunung ing awak, yaiku sampur. Pancen, nalika semana Jaka Tingkir kepranan marang putra ratune kang aran Rara Sampur.
Rara Sampur kok wis kebalang sadak, iki minangka tuduh mistis yen ketemune rasa (sadak), kesurung suruh (greget), arep nginang (nyawiji). Dheweke kasil mbradhat dhadhunge awak, ateges kaoyak nepsu makantar-kantar. Mung begjane, Jaka Tingkir isih waspada buktine bisa nelukake kebo dhanu nganggo lemah sakral. Kebo (iku simbole wong bodho) lan dhanu tegese asmara. Jaka Tingkir bisa mberat cubluke asmara, tegese nafsu birahi. Wusana bisa diangkat meneh dadi tamtama (lelananging jagad). Ra ya ngono ta?
Drs. Suwarna Pringgawidagda, M.Pd, Pengajar Filsafat Jawa ing FBS UNY

0 Comments:

Post a Comment

<< Home